Tatasungsun

Tatasungsun, tatasusun, jiringan, utawa struktur yaiku sungsunan lan pepanthaning
bebakal-bebakal (elemen-elemen) sing magepokan sajeroné barang utawa tatanan. Utawa, barang utawa tatanan sing disungsung samene rupa murih tumata.[1]
Tatasungsun fisik kalebu barang-barang gawéyan manungsa kaya wewangunan lan mesin. Uga kalebu barang-barang dudu gawéyan manungsa kayata makluk urip, mineral lan dat-dat kimia. Déné tatasungsun tanfisik utawa abstrak tuladhané tatasungsun data ing èlmu komputer lan musik. Wernané tatasungsun ana akèh. Kayata, saralisah (gegambaraning gegayutan siji barang marang akèh barang), jaringan (sing nampilaké gegayutan akeh barang marang akèh barang), lan kisi (nuduhaké sesambungan barang sing tetanggan ing lowahan (space)).
- ↑ "structure, n.". Oxford English Dictionary (édhisi ka-Online). Diarsip saka sing asli ing 14 June 2024. Dibukak ing 1 October 2015.